
Kang kalebu banjir gedhe ing wiwitaning taun iki
yaiku banjir kang dumadi ing pesisir lor Jawa utawa kondhange disebut pantura
Jawa. Banjir kang dumadi ing tlatah iki meh rata saka tlatah kulon kang klebu
dhaerah Jawa Barat nganti tekan pesisir sisih wetan kang klebu ing dhaerah Jawa
Timur. Semono uga dhaerah pesisir Jawa Tengah, kalebu Semarang mangetan lan
mangulon ora keri, melu kebanjiran. Malah miturut kabar saka medhia tivi lan
surat kabar, ana tlatah kang keleban nganti suwene seminggu luwih, amarga ora
asat-asat lan udan tetep grejih. Durung maneh, longsor lan banjir cilik-cilikan
ing saben tlatah utawa kabupaten mesthi ana. Tundhone musibah saka banyu udan
wis ora bisa diselaki maneh. Korban manungsa, raja kaya lan raja brana wis ora
bisa kaetung maneh.
Saka musibah banjir kasebut yen didelok, saben
taune nuduhake ora saya suda nanging suwalike malah saya gedhe lan dhaerah sing
kena banjir saya rata. Apa ateges iki sing diarani jaman karusakan (kalabendu)?
Nalika jaman saya maju lan akeh wong winasis, suwalike alam saya bubrah lan
rusak. Endi sing kudu disalahake, manungsane apa alame?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar