
Resensi Novel Prau
Gethek Nyabrang Jaladri Karya Ir. H. Soekirman
Oleh :
Nama : Aditya Denny S
NIM : 2601413085
Rombel : 3
JURUSAN BAHASA DAN
SASTRA JAWA
FAKULTAS BAHASA DAN
SENI
UNIVERSITAS NEGERI
SEMARANG
2015
I.
Identitas
Novel
Judul novel Prau Gethek Nyabrang Jaladri
II.
Penulis
Novel
Penulis novel Prau Gethek Nyabrang
Jaladri yaitu Ir. H. Soekirman
III.
Penerbit
Novel
Penerbit Novel Prau Gethek Nyabrang
Jaladri yaitu Pura Pustaka Yogyakarta
IV.
Tahun
Terbit Novel
Novel Prau gethek Nyabrang Jaladri terbit
pada tahun 2014
V.
Tebal
Novel
Tebal novel Prau Gethek Nyabrang
jaladri yaitu 248 halaman
VI.
Nomor
Seri ISBN
Nomor seri ISBN Novel Prau Gethek
Nyabrang Jaladri yaitu 978-979-17062-8-5
VII.
Dimensi
Ukuran Novel
Novel Prau Gethek Nyabrang Jaladri
memiliki panjang 12,5 cm, lebar 3 cm dan tinggi 19 cm
VIII.
Jenis
Kertas
Novel Prau Gethek Nyabrang Jaladri
memiliki jenis kertas A5
IX.
Sinopsis
Novel
Soekirman lahir ing desa Tualang, Perbaungan,
Serdang Begadai, Sumatera Utara. Bapak lan ibune soekirman yaiku pak subardi
lan ibu isayaah. Pakaryane pak subardi yaiku tani lan laku dagang woh-wohan.
Simbah buyute asli saka parakan, temanggung, jawa tengah yaiku mbah sajiman lan
mbah buyut putrid saka blora yaiku mbah halimah. Simbahe soekirman yaiku mbah
jusuf lan mbah abash. Sawise nglairke bapakne soekirman mbah abash seda lajeng
mbah jusuf nikah kaliyan mbah tuminem, adine mbah absah. Tahun 1958 pak subardi
seda. Wektu iku soekirman isih cilik lan dirawat dening budhe sanikem lan
pakdhe ngadimin. Menawa ibune soekirman pindah saka desa tualang neng desa
pagar jati, lubuk pakam. Ing desa pagar jati soekirman disekolahke ing sekolah
rakyat dening pakdhe min nganti tahun 1962. Ing desa pagar jati umume penduduke
saka suku batak. Ibune soekirman yaiku isayaah, anak ke 5 saka sedulur 6 wedok
kabeh. Simbah kakung saka ibu anama mbah dipowijaya lan mbah sowen saking
tlatah banyumas, pakaryane mbah kakung yaiku tani, nganyam payon
saka alang-alang lan nganyam pring. Soekirman cilik kadang-kadang diajak ning
sawah dening bapakne, adus ing kolam pinggir sawah, lan dibonceng nganggo kreta
angin menawa menyang mulih saka sawah. pendhak sore bapakne kerep nagajak
soekirman karo kanca-kancane lungguhan neng pinggir rel sepur. Nalika bapakne
seda, soekirman isih umur 3 tahun. Sabanjure dirawat dening pakdhe min lan
budhe sanikem amargi pakdhe lan budhene ora kagungan momongan, saengga
soekirman tutug anggone ngrasakake katresnane. Sakliyane soekirman uga ana
ponakan liyane kang dirawat pakdhe. Pakdhe kang kabeneran njabat ketua RT ing
desa pagar jati ngajari wong-wong desa maca lan nulis. Amargi ngajarine ning
omah, soekirman njur melu-meu sinau arepa during sekolah. Mulane nalika
soekirman mlebu SR wis nter maca lan nulis. Wiwit cilik soekirman wis dididik pakdhe
supaya bisa nandangi pakaryan apa wae. Desa pagar jati dununge ing pinggir
dalan kang dadi jalur utama sumatera. Kutha kecamatan lubuk pakam adohe kurang
luwih 4 km saka desane lan nalika sekolah SMP soekirman menyang mulih ming
mlaku nanging kadang-kadang numpak sepeda ontel. Ing mangsa ketiga soekirman
kerep ngolah lemah kanggo coba-coba nandur kayata tomat, jagung, sorgum,
Lombok, lan sayuran. Pengalaman sing ora bisa dilalekke yaiku nalika kekancan
karo bocah-bocah saka suku batak, saengga soekirman bisa basa batak. Soekirman
seneng ngaji, sholat, taraweh, lan nandangi pakaryan kanggo kebutuhan social
kemasarakatan ing desane. Nalika isih sekolah ing SR soekirman tau dodolan
roti, bakul woh-wohan, kartu pos, kartu lebaran lan liya-liyane. Nalika isih
cilik soekirman kere pikantuk dongeng saking pakde ngadimin. Soekirman takon marang
pakdhe ngadimin ngengingi sejarahe wong jawa tekan ing tlatah serdang begadai.
Kurang luwih taun 1900 mbah sajiman lan mbah halimah mangkat saka tanjung cina
semarang, nanging nuju singapura dhisik kanggo dagang panganan nganti 2 taun,
sateruse simbah buyunuju tanah deli nyusul paklik ingkang wis ngumbara dhisik.
Simbah buyut oleh pakaryan ngurusi jaan lan kereta dhuweke kraton ing
kasultanan deli, medan. Taun 1904 simbah buyut pindah neng perbaungan lan ing
taun iku mbah jusuf simbahe soekirman lahir ing desa tualang. Saka asile
ngurusi jaran, simbah buyut bisa tuku lemah pekarangan banjur pindah saka
kraton lan manggon ing desa tualang. Tahun 1911 simbahe soekirman sekolah ing
SR perbaungan. Saka hasile makarya simbah buyut bisa nduweni
sawah pirang-pirang bau ing desa tualang. Pekarangan kang dituku terus dibangun
omah lan diwariske neng buyut-buyute. Ing taun 1902 sawise tamat SR simbah ora
neruske sekolah nanging ngumbara neng medan makarya ing penerbit laying kabar
walanda, Deli varekam ing tlatah kesawan. Mbah jusuf uga dadi petani lan nyambi
dadi tukang potong rambut ing tualang. Amarga wiwit cilik soekirman wis pisah
karo bapakne mula kurang akrab lan kang dingerteni bapak ibune iku wong tani,
dagan woh-wohan lan dadi hansip. Ingkang akeh kenangane malah pakdhe min sing
ngrawat soekirman, saliyane petani, emain kethoprak, dadi lascar rakyat, lan
paranormal. Pakdhe min due kesenengan njala iwak isih diteruske soekirman.
Budhe sanikem nggantikake pakdhe ngadimin ingkang sayah ncritani soekirman.
Soekirman ngrungakna crita sejrah para leluhur ing tanah jawa nganti tenanan. Soekirman mbangun bale
wisma nalika umur 27 taun, yaiku ing tanggal 14 maret 1982, wektu kui soekirman
wis makarya ing USU kanthi jabatan asisten dosen pangkate gol II/b ing fakultas
pertanian USU. Soekirman uga nyambi mulang ing STM pertanian lubuk pakam.
Soekirman nikah karo marliah, bidan ing puskesmas pagar jati. Bapakne marliah
jenenge rahmat lan ibune hildaria saka suku batak margane panggabean. Simbahe
marliah jenenge H. hasan asale saka purworejo, jawa tengah, kecamatan bagelen,
dusun segiloh. Soekirman kagungan putra 5. Lan nate diruwat nganggo tata cara
adat jawa tanggal 14 maret 2007 bareng karo mengeti ulang taun perkawinan
perak. Putra kang pambajeng anama searca agung nugroho, sateruse panji
septocahyo, dimas triadji, dipa wicaksono lan prasetyo feldafing. Putra
pambajeng sinau ing fakultas ekonomi. Putra keloro sinau arsitektur lan putra ketelu
ing komunikasi, sakabehane ing USU medan. Saliyane kuliah putra pambajeng uga
dadi guru privat kanggo siswa SMP lan duwe usaha liyane. Soekirman lan ibu ora
kendhat anggone menehi sesorah supaya putra-putrane njaga sopan santun marang
kang wong kang luwih tuwa. Piwulang agama uga diwarahke, saliyane iku ing
keluarga uga mentingke pirembugan. Budaya jawa ingkang diwulangake yaiku
unggah-ungguh, ngajeni wing tuwa, aja sewiyah-wiyah marang wong cilik, lan aja
dumeh. Kanggone bocah kaya soekirman crita sejarah iku penting banget kanggo
kaca benggala, patuladhan kang becik. Saliyane
namatke pasinaone ing fakultas pertanian USU, soekirman uga melu sinau
non-gelar kang ilmune bisa kanggo njawab tantangan ing masarakat
sadina-dinane. Kursus-kursus kang nate dilakoni yaiku AMDAL, perencanaan
partisipatif, perencanaan pembangunan, pertanian organic, leadership pedesaan
lan community development. Wiwit kelas 5 SD, soekirman kurang seneng karo
matematika. Sakwise SMP luwih seneng ilmu sejarah lan basa Indonesia utawa ips.
Amarga lulus sipenmaru ing taun 1975 akhire melbu Fakultas Eksakta ing USU.
Soekirman ngedegake Yayasan Bina Kertrampilan Pedesaan, salah sawijining LSM
kang mbukak sesrawungan kanggo masarakat marginal ing taun 1986. Wiwit dadi
mahasiswa, Soekirman wis sregep ndampingi warga masarakat. Penghargaan kang
nate ditrima yaiku Kalpataru 1986, Pemuda Pelopor Nasional 1990, Dosen
Berprestasi 1990, Ashoka Fellow 1988. Soekirman duwe tekad kudu bisa sekolah
nganti dhuwur utawa nganti tekan perguruan tinggi supaa bisa ngrubah nasibe.
Sing marahi susah anggone sinau amarga beya kanggo nyukupi keperluane sinau
rada cupet. Soekirman kuliah nyambi makarya wiwit sing kasar nganti pakaryan
sing rada alus. Dadi guru arepa bayare mung Rp. 12.000/bulan ing taun 1980. Melu
organisasi uga dilakoni Soekirman kanggo nambah pengalaman lan idealism
kepemimpinan. Nunut ing asrama mahasiswa
lan njaga kanca kang lagi mondok neng rumah sakit kalebu carane Soekirman
kanggo ngirit blanja, dadi loper Koran kampus, majalah lan buku sing dilarang
uga dadi pakaryan kang tau dilakoni kanggo ngatasi masalah ekonomi, apameneh
nalika dadi mahasiswa USU wiwit 1975 nganti 1980, dhek semana tanduran pari ing
Sumatra dipangan wereng coklat. Soekirman ora tau mbayar kost, nanging nunut
nggone kancane kanthi cara pindah nggon siji lan sijine. Taun 1980 sawise entuk
gelar BSc ing babagan pertanian, Soekirman dadi Pegawe Negeri Sipil posisine
asisten dosen. Taun 1983 namatke S1 lan golongane mundhak mundhak dadi III/a,
terus diangkat dadi bosen Mekanisme
Pertanian, Soekirman uga nyambi ing konsultan pembangunan pabrik gula ing
Sumatera Utara jabatane site engineer. Ing njaban kampus bareng karo anak-anak
pecinta alam ngadegake pakumpulan kanggo ngembangake swadaya warga masarakat
desa Bintarni ing taun 1980 lan taun 1986 diganti Yayasan Bitra Indonesia.
Soekirman kepilih dadi presiden umum WALHI Nasonal 1983-1989, lan pengurus
Sekterariat Bina Desa Jakarta 1990-1996. Taun 2004 melu nyalon dadi anggota DPD
Sumatra Utara. Taun 2005 nyalon dadi Wakil Bupati Serdang Begadai Sumut lan
kepilih ndampingi
Bapak Erry Nuradi sing dadi Bupati. Soekirman tetep aktif ang maneka warna
kegiatan masyarakat kayata Pujakesuma. Anak-anake uga aktif ing himpunan
mahasiswa jurusan lan ing pakumpulan hobi olahraga futsal. Bu Marliah isih
tetep ngemban tugas ing Puskesmas uga
ngurusi organisasi taman kanak-kanak/GOPTKI lan PKK sarta organisasi liyane ing
tingkat kabupaten. Garwane kang isih keturunan Batak ndadekake Soekirman lan
kluarga melu ing acara-acara adat Batak. Kang luwih becik maneh
piwulang-piwulang lan budaya jawa kang apik bisa dijupuk lan digabungake karo
nilai Sumatera kang dinamis lan ditrapke ing urip bebrayan. Sambang sambung
srawung lan tulung tinulung dilakoni Soekirman kanthi setiti. Pujakesuma yaiku
organisasi warga kang anggotane para kadang warga Jawa kang ngumbara ing
Sumatra an anak putune, salah siji tetunggule kang paling aktif yaiku
Soekirman. Soekirman kerep tetuwi ing Kraton Surakarta, suwe-suwe Soekirman
bener-bener kesengsem marang budaya gagrak Surakarta kang nglimputi babagan
sejarah estetis lan filosofis. Ing usahane mujudke Propinsi Daerah Istimewa
Surakarta. Soekirman uga melu nyusun konsepe kang kaimpun ing buku kanthi judul
Daerah Istimewa Surakarta. Taun 2009 Soekirman ngusulake Sinuwun Paku Buwono X
dadi pahlawan Nasional. Soekirman tau
mubeng-mubeng ing kutha Surakarta numpak becak ing taun 2010. Soekirman njabat
dadi salah sawijining ketua Pujakesuma kang bener-bener njawani. Organisasi iki
cukup akeh anggotane. Ana kang wis duwe jabatan kang penting ing
masyarakat. Tanggal 26 mei 2011, dina
senen Soekirman lan ibu tetuwi ing Yogyakarta, sebanjure tetirah marang
asal-usul leluhure ing desa Segiloh Bagelen Purworejo. Soekirman lan garwane
pancen keturunan asli Jawa. Sorene manggon ing Hotel Yogyakarta dianakake pusul
leluhure ing desa Segiloh Bagelen Purworejo. Soekirman lan garwane pancen
keturunan asli Jawa. Sorene manggon ing Hotel Yogyakarta dianakake pertemuan
karo tokoh Iran lan Malaysia kanggo bahas masalah Timur Tengah. Ing kawasan
Teluk lagi ana owah-owahan masalah politik. HMI kang dipimpin M. Chozin
nganakake seminar internasional nganggo topik kang padha ing Gedung UC UGM
tanggal 17 Mei 2011. Narasumber ing seminar internasional iki yaiku Prof. Dr.
Amien Rais, mantan Ketuan MPR lan Dewan Penasihat PAN. Priyo Budi Santoso,
Ketua Golkar lan Wakil Ketua DPR. Lan kang paling monjo dhewe yaiku Dr. Anwar
Ibrahim mantan Perdana Menteri kang saiki dadi barisan oposisi kang paling
gedhe ing Malaysia. Griya kagungane Joyokusumo katelah Ndalem Joyokusuman.
Griya kagungane Purbonegoro katelah Ndalem Purbonegaran. Griya kagungane
Soekirman bisa uga dijenengi Ndalem Kirmanan.Sadurunge manggon ing omah iki,
kluwarga Soekirman kudu gelem lara lapa tapa branta. Innamal usri’ usra. Ing
suealike kesusahan mesthi ana kesenengan. Iku bibit kawit cikal bakal Ndalem
Soekirmanan kang alamate ing Jl. Air Bersih Ujung kompleks Pertamina No. 22
Kelurahan Binjai, Kecamatan Denai, Medan. Kanggo nduweni hak milik mbutuhake
wektu kang dawa, taun 1983 isih kontrak. Saka tabungan kang ora sepira akehe,
Soekirman lan Bu Kirman urip gemi nastiti. Syukur alhamdulilah ing taun 2000
omah kontrakan iki dadi hak milik kluwarga Soekirman. Saben
kala mangsa soekirman nekani pahargyan, dina minggu tanggal 5 juni 2011 soekirman
ngadani pagelaran wayang purwa kanthi lakon Wahyu Cakraningrat. Pengiringe saka
paguyuban Seni Suko Budoyo. Para pengrawit iki umume ketrunan jawa kang
ngumbara lan wis manggon ing deli wiwit jaman Walanda. Para niyagane nganggo
busana batik lan blangkonan. Paguyuban Seni Suko Budoyo duwe saprangkat gamelan
lan wayang. Tembang-tembange isih sederhana, kayata Lancaran Suwe Ora Jamul an
Srempeg Nem. Para niyaga nabuh gamelan kanti lancar, cetha lan trampil kayane
wis akrab karo gamelane. Saliyane trampil nabuh gamelan, uga akeh kang duwe
pakaryan dadi pranata adicara. Rampung acara kanyata para anggota Suko Budoyo
isih kepengin diskusi kanthi maneka warna topic, kayata seluk beluk sejarahe
Budaya jawa. Mapan ing Kecamatan gajahan, kanthi paduan saka pak Henry kang
nate dadi camat, diskusine nganti jam 23.00 bengi, kang dadi pesertane yoiku
pak Sukarman, Suwato randu alas, Syamsudin, Kaswadi, Kartimin, mbah Gareng, pak
Raden, pak Sujiran lan pak Misran. Para peserta diskusi iki racake wis sepuh.
Kanyata para pabdhemen budaya jawa tetep saka kalangan lansia. Gunung Agung Bali
njeblug tahun 1962. Desa-desa kang kapendem lahar ora bisa dienggoni maneh,
sebagian wargane ana kang ngumbara tekan Serdang Begadai kanggo miwiti urip
anyar. Warga masarakat asli uga gelem nampa kanthi tangan kang terbuka. Para
warga bali kang ngungsi bener-bener bisa guyub rukun karo warga asli. Ora ana
diskriminasi kang njurus ing SARA (suku,agama,ras, lan aliran). Masarakate
bener-bener majemuk lan multikulturalisme. Sawise 15 taun luwih manggon ing
kono, para sedherek saka Bali kepengin mbangun pura kanggo ngibadah. Mula ing
taun 1979 kelakon dibangun sarana kanggo pangibadahan agama Hindu, jenenge Pura
Penataran. Masarakat lan pemerintah Sergai bombing nduweni Pura Penataran. Pura
iki digunaake para warga Bali rantau kanggo ngibadah. Cekake Pura Penataran
mujudake lambing Hindu siji-sijine. Kanthi anane Pura Penataran bisa dadi
promosi kanggo pariwisata. Kerukunan
wong jawa rantau kanyata cukup kanggo ngumpulke balung pisah. Saka
carita-carita kang ana, para warga ngupaya kanggo nlesik sisik melik sejarah
para leluhure. Para raja lan pujangga Jawa tetep dianggep wong linuwih,
waskitha ngerti sadurunge winarah. Para raja dianggep wong kang sekti
mandraguna, ora tedhas tapak palune pandhe, tanape sisane grenda. Pujangga jawa
kasil marisake ajaran luhur kang bisa ditrapke kanggo urip ing sadina-dinane.
Yasadipura, Ranggawarsita, Paku Buwono IV lan Mangkunegara IV. Pitutur luhur
iku dadi cekelan kanggo tingkah laku sadina-dinane. Caritane para Wali kang
kasil ngislamke tanah jawa, dipracaya minangka tokoh legendaries kang duwe ilmu
dhuwur. Panyebarane Islam ing tanah jawa dilakoni kanthi cara kang santun lan
damai. Amarga
rasa bombonge marang budaya luhur warisane leleuhur, mula warga rantau Jawa ing
Sergai pendhak sasi nganakake acara temu kangen. Contohe nalika tanggal 7 juni
2011 kang manggon ing Kelurahan Tualang Kecamatan Perbaungan dianakake temu
kangen karo para peserta saka daerah-daerah liyane. Saka kecamatan liyane malah
duwe inisiatif ngirimke wakile. Arepa Sergai cerak karo laut, wong jawa tetep
dadi tani, ora njur dadi nelayan. Mungkin wis takdire menawa warga masyarakat
Jawa Sergai iku uripe kanthi ngolah lemah. Temu kangen iki ajeg ditekani karo
Soekirman. Cara Belajar Siswa Aktif (CBSA) kang kawentar ing taun 1987 ditrapke
karo temu kangen masarakat Jawa, metode iki gawe seneng wong akeh lan rumangsa
diregani. Pantes wae menawa akeh wong kang padha teka. Ing antarane para warga
paguyuban ana kang trampil maca donga sacara Islam lan Jawa Riwayate wongtuwa lan
simbahe wis luwih saka 100 taun kepungkur ndadekake kangelan kanggo nglacak
asal usul leluhure kanthi temenan, nangingdurung kasil. Nalika nlusurijejake
paraleluhur, soekirman ketemu karo hasyim affandi kangnate njabat bupati
magelang lan saiki dipercaya dadi bupati temanggung. Pasedulurane saya
raketamarga soekirman nate studi lapangan ingkabupaten temanggung. Wektu iku
dianakake orientasi lan pendidikan kanggo kepala daerah lan wakile, kang wakile
saka saindenging indonesia. Tujuane supaya carapandange kanggo mimpin
paprintahan ingdaerah bisa padha. Ing temanggung soekirman akeh sinau marang
pak Hasyim Affandi. Ing tata kelola pemerintahan pak Hasyim luwih senior.
Parakan yaiku kutha kecamatan kangrame, makmur lan edi peni. Oraadoh seka
ibukota kecamatan kethok gunung sumbing, sindoro, dieng, merbabu, merapi,
ungaran. Nalika lelana ingkabupaten temanggung, soekirman diparingi critadening
parasepuh bab urip jaman kangwus kawuri. Dadi bupati ing Sergai
tumrape Soekirman iku minangka pengabdian. Soekirman pengin mujudake bebrayan
kang adil makmur panjang-punjung pasir wukir, gemah ripah loh jinawi,tata
tentrem kartaraharja
X.
Unsur
Intrinsik Novel
Tema :
Perjalanan hidup Soekirman
Alur : maju mundur (campuran)
Amanat : marilah kita membudayakan budaya jawa kepada anak cucu kita walau kita hidup merantau
Tokoh Utama : Soekirman
Latar : kabupaten Serdang Begadai, taman THR, dan rumah pakdhe Min
Alur : maju mundur (campuran)
Amanat : marilah kita membudayakan budaya jawa kepada anak cucu kita walau kita hidup merantau
Tokoh Utama : Soekirman
Latar : kabupaten Serdang Begadai, taman THR, dan rumah pakdhe Min
Sudut Pandang : orang pertama
XI.
Kelebihan
Novel
Novel ini mengajarkan kepada kita cara membudayakan budaya jawa walau kita hidup
di luar pulau jawa dan pembelajaran jaman kuna dan pelakunya jaman sekarang
“patuladhan jaman
kuna lan lelakon jaman saiki”
XII.
Kekurangan
Novel
Novel ini masih banyak dijumpai kekurangan dalam penulisan EYD serta bahasanya
XIII.
Manfaat
Isi Novel
Novel bermanfaat bagi anak cucu kita buat pedoman hidup
XIV.
Saran
Terhadap Novel
Novel direvisi dan EYDnya diperbaharui serta menambah pituturluhur yangada di
dalam novel
XV.
Lampiran
Soft file





Tidak ada komentar:
Posting Komentar