P U C U N G
01
Kamulane
kaluwak nonomanipun, Pan dadi satunggal, pucung aranira ugi, yen wus tuwa
kaluwake pisah-pisah.
Pada waktu
muda, buah kluwak meyatu dan namanya pucung, jika sudah tua, kluwak tersebut
terpisah
02
Den budiya
kapriye ing becikipun, aja nganti pisah, kumpule kaya nomeki, anom kumpul tuwa
kumpul kang prayoga.
Bagaimanapun
juga, usahakan jangansampai berpisah, bersatunya seperti masa muda, muda
menyatu ketika tua pun sebaiknya menyatu
03
Aja kaya
kaluwak duk anom, kumpul bisa wus atuwa, ting salebar siji-siji, nora wurung
dadi bumbu pindhang lulang.
Jangan
seperti kluwak, ketika masih muda menyatu, namun ketika tua masing-masing
menyebar, akhirnya hanya sebagai bumbu pindang
04
Wong sadulur
nadyan sanak dipunruntut, aja kongsi pisah, ing samubarang karyeki, yen arukun
dinulu teka prayoga.
Persaudaraan
itu,meskipun dengan sudara jauh harus ruku, jangan sampai terpisah dalam segala
hal. Jika hidup rukun akan baik dilihat orang
05
Abot enteng
wong sugih sanak sadulur, enthenge yen pisah, pikire tan dadi siji, abotipun
yen sabiyantu ing karsa
Banyak
sudara memang ada berat dan ada juga ringannya. Ringan bila masing-masing
pikirannya terpisah, adapun beratnya jika (kita) membantu segala hal
06
Luwih bakuh
wong sugih sanak sadulur, ji – tus tadhingira, yen golong sabarang pikir, becik
uga lan wong kang tan duwe sanak
Lebih kokoh
jika banyak saudara, satu berbanding seratus jika bersatu hati, lebih baik
dibadingkan tidak memiliki saudara
07
Lamun bener
lan pinter pamomonganipun, kang ginawa tuwa, aja nganggo abot sisih, dipun
sabar pamengku mring santana.
Jika benar
dan pandai memperlakukannya. Yang merasa dituakan jangan berat sebelah, harus
berlaku seimbang terhadap kerabat dan bawahan
08
Pan ewuh
wong tinitah dadi asepuh, tan kena ginampang, mring sadulurira ugi, tuwa nenom
aja beda traping karya.
Memang repot
jika dituakan, tidak boleh menganggap gampang kepada saudara. Jangan membedakan
perintah, baik kepada yang muda maupun kepada yang tua
09
Kang saregep
kalawan ingkang malincur, iku kawruh ana, sira alema kang becik, ingkang
malincur den age bendanana.
Yang rajin
dan yang malas harus kau ketahui. Pujilah ia yang rajin, sedangkan yang malas,
segera marahilah
10
Yen tan
mantun binendonan nggone malincur, nuli patrapana, sapantese lan dosaning, kang
santosa dimene dadi tuladha.
Jika tidak
sadar kemalasannya dengan dimarai, jatuhilah hukumanyang seimbang dengan
kesalahannya agar menjadi contoh
11
Kang wong
liya darapon wedia iku, kang padha ngawula, ing batine wedi asih, pan mangkono
lelabuhane dadi wong tuwa
Bagi orang
lain. orang yang mengabdi akan menjadi segan dan setia. Bukankah begitu
seharusnya perilaku orang yang dituakan
12
Nggone
mengku jembar amot tur rahayu, den kaya sagara, tyase ngemot ala becik, mapan
ana pepancene sowang-sowang.
Seyogyanya
berhati bersih dan lapang dada bagai samudra, memahi baik dan buruk, bukankah
masing-masing memiliki takdir?
13
Jer sadulur
tuwa kang wajib pitutur, marang kadang taruna, wong anom wajibe wedi, sarta
manut wulange sadulur tuwa.
Saudara tua
memiliki kewajibanuntuk memberikan nasihat, adapun kewajiban orang muda adalah
segan dan menuruti nasaihat saudara tua
14
Kang tinitah
dadi anom aja masgul, ing batin ngrasaa, saking karsaning Hyang Widdhi, yen
masgula ngowai kodrating Suksma.
Yang
ditakdirkan menjadi saudara muda jangan ragu. Bersyukurlah karena sudah
dikehendaki Yang Mahaesa, jika ragu akanmegubah kodrat Allah
15
Nadyan bener
yen wong anom dadi luput, yen ta anganggoa, ing pikirira pribadi, pramilane
wong anom aja ugungan
Orang muda,
sekalipun benar tetap dipersalahkan, hal itu jika kau turuti pikiran sediri. Oleh
karena itu, orang muda jangan manja
16
Yen dadi nom
weruha ing enomipun, kang ginawe tuwa, dikaya banyu neng beji, den awening
paningale aja samar
Jika
ditakdirkan muda, sadarlah dengan kedudukan mudanya, adapun yang tua jadilah
seperti air di kolam, jernihkan penglihatanmu
17
Lan maning
ana ing pituturingsun, yen sira amaca, laying sabarang layanging, aja pijer
ketungkul ngelingi sastra.
Di samping
itu, nasihatku, jika kau membaca segala macam serat (kitab), jangan hanya
terpaku pada (keindahan) sastranya
18
Caritane ala
becik dipun enut, nuli rasa kena, carita kang muni tulis, den karasa kang becik
sira anggowa
Pahami baik
dan buruk ceritanya, kemudian renungkan (makna) cerita yang tertulis, yang kau
rasa baik, ambillah
19
Ingkang ala
kawruhana alanipun, dadine tyasira, weruh ing ala lan becik, ingkang becik
wiwitane kawruhana.
Yang jelek
pahamilah kejelekannya sehingga kau memahami mana yang buruk dan mana yang
baik. Adapun yang baik, pahamilah asal mulanya
20
Wong kang
laku mangkono wiwitanipun, becik wekasanya, wong laku mangkono witing ing
satemah puniku pan dadi ala.
Orang yang
bertindak begitu di awal, akan baik pada akhirnya, sedangkan orang yang
bertindak sebaliknya akan berakibat buruk
21
Dipun weruh
iya ing kawulanipun, kalawan wekasanira, puniku dipunkalingling, ana ala dadi
becik wekasanya.
Pahamilah,
baik awal maupun akhir. Perhatikan, ada yang tampak awalnya jelek namun pada
akhirnya menjadi baik
22
Ewuh temen
babo wong urip puniku, apan nora kena, kinira-kira ing budi, arang temen wijile
basa raharja.
Kehidupan
memang repot karena tidak dapat diperkirakan, jarang sekali tindakan yang baik
(wijil adalah isyarat pola tembang berikutnya)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar