Kakang…
kakang Prasaja!.. Kakang ing ndalem Tegalrejo kok katon rame.
Ana sing nggawa pedhang, tumbak lan malah siap-siap ngunus keris
barang. Ana apa ta kakang? Kaya arep geger wae,” Sawitri kang mentas
mulih saka pasar bengok-bengok marang bojone kang lagi ngungkal gaman.
“Lho
kowe wis teka ta adhi Sawitri,” Prasaja nyawang bojone sing krenggosan. “Adhi
Sawitri, dalem Tegalrejo arep diserang Landa. Ana kabar para serdhadhu arep
ngrangket Njeng Pangeran Dipanegara,” ucape Prasaja karo nyawang gamane kang
katon landhep mingis-mingis.
“Kosik,
njur lupute Njeng Pangeran apa? Panjenengane iku priyayi kang lembah manah,
ngajeni marang sapadha-padha. Ora mbedakake kawula cilik utawa priyayi luhur,
kabeh direngkuh minangka sedulur.”
“Sliramu
kelingan apa ora karo prastawa pathok kang ditandur ing pekarangan dalem
Tegalrejo. Pathok iku dipasang dening utusane Patih Danureja kanggo gawe
dalan sepur. Kanjeng Pangeran Dipanegara dhawuh supaya pathok dijabuti. Ning
Njeng Pangeran malah diluputake, dianggep mbalela mring ratu lan ora ngajeni
Walanda.”
“Dadi
kumpule para kawula ing dalem Tegalrejo iku arep mbelani Njeng Pangeran? Lha
kowe kok isih thenguk-thenguk neng omah? Kamangka sasuwene iki uripe awake
dhewe kena diarani nunut dalem Tegalrejo, mangan wulu wetu saka pekarangan
dalem Tegalrejo. Apa atimu cilik adu arep karo Walanda kang agegaman bedhil?
Yen kowe ora wani aku wae sing mrana kakang, kowe kariya ana ngomah.”
“Aku
ki ya arep mrana, dhi. Aku mau nunggu kowe saperlu pamit.”
“Aku
melu Kakang!”
“Hus
ora kena. Mbebayani. Sebab doh blaine iki mengko bisa campuh perang.”
“Aja
nyepelekake wanita kakang. Ala-ala aku biyen tau nyinau ilmu kanuragan marang
Kiai Jupri kidul Pasar Gedhe.”
“Yen
pancen wis dadi antebing tekadmu, ayo bebarengan menyang dalem Tegalrejo.”

Kanthi
cepet dheweke mlumpat karo mbalangake glathi cilik ngener dhadhane serdhadhu
murang tata
Temanten
anyar iku banjur gegancangan menyang Tegalrejo. Swasanane tambah rame.
Sing kumpul ora mung para kawula ing wilayah Tegalrejo wae,
nanginguga saka kampung-kampung liya. Ana kang saka Mlangi, Krapyak, Wonokromo,
Kotagede lan liya-liyane.
Saya
awan kahanane saya panas. Ana kabar menawa Walanda nedya ngrangket Pangeran
Dipanegara lan diselong menyang tanah sabrang. Para pendherek ora lila.
Kabeh padha saeka kapti mbelani sesembahane. Kepara ora wigah-wigih nyorohake
jiwa raga.
“Nedha
nrima yen panjenengan kabeh duwe karep mbelani aku. Nanging aja gampang
kebrongot, sing sabar. Aku arep nulis layang konjuk
Kanjeng Sultan supaya Patih Danureja dicopot, merga sasuwene iki
dheweke asring gawe dhak-dhakan pasulayan ana Kraton Ngayogyakarta. Kebeneran
Paman Pangeran Mangkubumi rawuh, mengko layangku bakal daktitipake
panjenengane.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar