Rabu, 31 Desember 2014

Morfologi basa Jawa

Morfologi basa Jawa utawa diaranani widya tembung yaiku salah sijiné sempalan paramasastra kang ngrembag babagan tembung. Ing linguistik umum nyebutaké morfologi minangka kajian linguistik micro kang nyinaoni babagan struktur tembung lan proses dumadine. Morfologi njlentrehake satuan dasar basa minangka satuan gramatikal. Tuladhané tembung nulis asalé saka loro satuan minimal yaiku N- lan tulis. Satuan gramatikal kasebut, diarani morfem.

Proses Morfologi Basa Jawa

Tembung-tembung basa Jawa bisa dumadi saka morfem bebas lan morfem terikat. Dumadine lumantar proses morfologis. Miturut Poedjosoedarmo dkk, proses morfologi basa Jawa bisa lumantar proses afiksasi, reduplikasi, owahing swara, pemajemukan, lan akronim .
1.      Afiksasi
2.      Reduplikasi
3.      Pemajemukan
4.      Owahing Swara
5.      Akronim 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar